Kaca:Kembang Setaman.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

91

23. Wit arèn.

Apa ta preloené, wong-wong kok sok nandoer wit arèn? Jèn roepané mono ora apik ora barang, malah sok gawé wedi. Jèn ana pomahan sing ana wité arèn, wangoené kok bandjoer wingit! Panggonan ing sakiwa tengené bandjoer katon peteng. Éwa déné wong tani ḍemen marang wit arèn, sabab akèh paédahé. Pametoené ana sing kena dipangan, ana sing kena digawé dandanan. Moelané senadjan ala tanpa roepa, ija meksa ditisnani. Tjoba ajo ditjandra!

Oewité geḍé ḍoewoer mbloedjoed tanpa epang; dadi ora kaja wit asem oetawa wit djeroek. Goḍongé moeng ana ing poetjoek baé; roepané kaja blarak, nanging geḍé-geḍé sarta kandel-kandel. Déné papahé dawané ora mekakat; ana sing nganti 6 m oetawa loewih. Moelané palemahan sing ana sakoebenging wit, bandjoer siroeng. Papah maoe ing bongkot nlakoep mênjang oewit. Jèn goḍongé wis garing, bongkoting papah meksa isih ngamplok baé, ora bandjoer roentoeh kaja blarak; moelané wité katon pating krengkab. Katik nganggo ana edoeké barang; dadi sangsaja woewoeh kasaré. Doeké ikoe roepané ireng, kaja ramboet gimbal; dadi wis ora ana betjiké. Nanging menoengsa bisa ngepèk gawéné, sabab doek ikoe koewat, toer awèt, ora gampang mopolé. Kena digawé tali oetawa ḍaḍoeng; koewaté ija banget. Jèn ana wong adeg omah, oetawa nenalèni barang geḍé tjilik, oetawa nggoḍi epring loro teloe dadi sidji, sing dianggo