Kaca:Kembang Setaman.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

23

andjog ḍateng soemoer goemoeling. Sardiman sampoen boten soemerep lèr kidoel, boten telas-telas goemoenipoen. Ingkang dipoen gagas, kala énggalipoen méndah apikipoen.

Taman Sari.

Sareng enggènipoen moebeng-moebeng sampoen wetawis sadjam dangoenipoen, meksa dèrèng kempoet, ladjeng ngadjak medal, sabab koewatos, mbok menawi kedjoegroegan. Djajoes inggih noeroeti, sabab Sardiman ketawis jèn adjrih jektosan. Ladjeng dipoen djak ḍateng aloen-aloen kidoel. Lampahipoen andjog ing gadjahan. Ingrikoe wonten gadjahipoen kalih dipoen