Kaca:Kembang Setaman.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

65

ketjandaké. Saiki ing segara tjedak-tjedak kéné ija isih sok ana badjag; apa manèh tjedak-tjedak Madoera kana; malah nganti misoewoer: badjag Sampang. Nanging Pamaréntah saiki adjeg olèhé ndjaga segara. Jèn ana praoe badjag kemlébat, bandjoer dibledig; mèh ora taoe loepoet, sabab praoe Negara sing ndjaga koewi rikat-rikat banget.

Saikiné jèn wong leloengan ngambah segara kepénak banget; mestiné kowé ja wis kroengoe kabaré saka lajang watjan ing sekolahan. Toenggangané kapal api, mèh ora ana sambé-kalané, oembalané moerah. Déné panggonané toeroe oetawa ngaso, lan pangané, jèn ditimbang karo praoe-praoe djaman bijèn, doedoe-doedoe katjèké."

Arsana takon: ,,La tanah Djawi ngriki, samenika kok saged dados saé, menika kados poendi wiwit-wiwitanipoen?"

Prijaji mangsoeli: ,,Mengkéné: Barang-barang dagangan bisané gampang penggawané menjang tanah-tanah sing adoh saka segara, koedoe ana dalané sing betjik. Dadi preloe digawèkaké ratan. Jèn penggawané gampang, regané bisa moerah. Moelané dèk satoes taoen sepréné dijasa ratan dawa banget, saka Tjaringin ndjoedjoer tanah Djawa nganti tekan Banjoewangi. Ana simpangané pirang-pirang, dianggo lakoené kréta pos. Saben let 4 oetawa 5 pal ana posé; ana djarané 4 oetawa 6 oetawa 8 dianggo noenḍa djaran sing nglakokaké kréta pos; krétané pos ija sok ana. Kréta pos koewi, sing noenggangi prijaji-prijaji Negara oetawa bangsa patikelir. Déné jèn ngliwati goenoeng, tekan ing oenggah-oenggahan sing ndeder, ija disedijani kebo, kanggo nggèrèd kréta

DEENIK lan VAN DIJCK, Kembang Setaman II.

5