predoeli; togna waé rak oewis. Karo manèh kalong sepira, ta!”
Soekanta mangsoeli: ,,Oraa kalong kaé, akoe kok gregeten, olèhé mbesoer koewi, lo! Olèhé ngétjé-étjé oewong kok kegila-gila!”
Bapakné njamboengi: ,,Ah, pantjèn ija. Saploké tangga ngingoe djaran koewi lo, laler pantjèn pjoeng-pjoengan tekané!”
Soekanta ora ngerti marang goenemé bapakné, bandjoer takon: ,,Kados poendi, pak; kapal toemoet-toemoet poenapa?”
Bapakné mangsoeli: "Mengkéné: Laler ikoe jèn ngenḍog milih enggon sing reged-reged; mangka geḍogan djaran ikoe wis mesṭi akèh tléṭongé. Dadi laler ija seneng banget ngenḍog ana ing kono. Jèn ngenḍog setaoen ping pat, ping lima; sepisan-pisané atoesan. Jèn netes, dadi sèt; kesenengané manggon ana ing tléṭongan. Emboeh, wis mengkono karsané kang nitahaké djagad. Ana sing ora betah tjeḍakan karo tléṭong, djeboel ana sing seneng manggon ana sadjroning tléṭong. Jên oewong dikon manggon ana ing sadjroning tléṭong mengkono, adja sing dinanan, sasèn-sasèn, la mbok sadjam rong djam waé ja wis bloekékan.
Mesṭiné kowé wis paḍa weroeh esèt. Ora ana sikilé, ora doewé elar kaja laler. Moeng oegat-oeget waé; bisa-bisané moeng metjoeṭat, rada adoh. Roepané nggegilani. Jèn lagi netes, geḍéné moeng sakmenir, Jèn wis sawetara dina, bandjoer moenḍak geḍé lan moenḍak dawa, wetara sakakangé beras; Sing dipangan apa? Ija tléṭong sing dienggoni ikoe. Dadi olèhé ora doewé sikil oetawa elar ikoe ora ndadèkaké