tjangkrama oetawa mbebeḍag menjang alas. Gerbong koewi ḍèk djaman koena wis dianggep betjik banget, arang-arang sing doewé. Ana lajang Djawa koena sing njeboetaké, jèn poetri Tjempa, nalikané krama olèh ratoe ing Madjapait, gawané: gong, peḍati karo gerbong. Para poetri ija sok nitih djoli; sing nggotong nganti wong 16. Djoli ikoe roepané kaja omah-omahan
tjilik; saiki sok dianggo pola baṭikan, djenengé "semèn djolèn.”
Djaman saiki, jèn wong leloengan moenggah goenoeng, ija sok noenggang tanḍoe; sing digawé moeng "koersi males” waé, diwènèhi sladangan pring, dipikoel oewong.”
Arsana takon:"La jèn ngambah seganten menapa inggih rekaos, ing djaman kina menika?”
Prijaji mangsoeli: "Ora kajaa! Ḍèk bijèn doeroeng ana kapal api; badjagé waé pirang-pirang. Praoené tjilik-tjilik nanging rikat; jèn ana praoe dagang liwat, bandjoer dibégal. Jèn mlajoe. ditoetoeti; mèh mesṭi