Kaca:Kembang Setaman.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

40

Bareng wis toetoeg olèhé paḍa ndeleng, bandjoer moeḍoen, noetoegaké lakoené. Mantri goeroe tjelaṭoe: "Ikoe maoe doeroeng sepiraa betjiké; sing betjik temenan mengko seḍéla engkas. Olèhmoe mlakoe paḍa sengkakna, karebèn énggal tekan."

Olèhé mlakoe noeroet dalan geḍé, ngliwati kali

Opak. Ing kono ana kretegé betjik banget. Ana botjah sidji sing ngelokaké: "Betjik temen kreteg iki!" Sidjiné njamboengi: "Karo dawané kok éram akoe!" Goeroené noempangi: "Pantjèn betjik kreteg iki, toer sentosa banget; éwa déné doeroeng karoewan kelar njembadani boediné banjoe. Sing ḍisik-ḍisik ja mengkéné apiké, paḍa laroet ketradjang ing bandjir. Delengen, ta, iliné jèn ora bandjir, wangoené anteng; jèn bandjir