Kaca:Kembang Setaman.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6

ngabaraké keprijé genahé. Bareng wis dikanḍani, bandjoer paḍa goemoejoe nganti kepingkel-pingkel. Paḍa ngerti jèn Pak Begog pantjèn begog temenan. Nganti lawas pak Begog enggoné dadi potjapan.

2. Poelo ingkang koemambang.

Sanḍing pesisiripoen kidoel tanah Banjoemas sakidoelipoen Tjilatjap leres, wonten poelonipoen pandjang

Poelo Noesa-Kambangan.


nama Noesa-Kambangan. Poelo poenika pasitènipoen kaṭah tjoerinipoen; watesipoen ingkang wétan teloek Penjoe; déné ingkang kilèn teloek Penandjoeng. Poelo poenika kénging kanggé ndjagi plaboehan Tjilatjap.

Pasisiripoen kidoel poelo Noesa-Kambangan poenika aḍapoer parang tjoeri, nanging ingkang sanḍing kalijan Seganten-anakan, pesisiripoen anḍap, kebak ṭeṭoekoelan, pasitènipoen eloh.

Roemijin ing poelo ngrikoe wonten ḍoesoenipoen sawetawis, sabab pasitènipoen kelebet eloh. Kalijan