Kaca:Kembang Setaman.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

42

seneng-seneng; dadi sapa-sapa sing weroeh, ija mèloe seneng. Ana sing mangan djadah; ana sing mangan enting-enting; ana sing mangan geti; ana sing mangan geṭoek.

Bareng wetengé wis paḍa isi, sarta wis ilang sajahé,

bandjoer dikon ngadeg karo goeroené, sarta dikon ngroengokaké kanḍané. Botjah-botjah bandjoer énggal paḍa menjat;kiwa tengené ana tjanḍi pating djenggeleg.

Mantri goeroe bandjoer wiwit kanḍa: "Kéné iki, kabèh ana tjanḍiné woloe, koelon teloe, wétan teloe,