Kaca:Kembang Setaman.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
69

ija nganti lawas olèhé nggarap. Terkaḍang ana lemahe sing longsor; lemah oeroegan anjar mlorod menjang djoerang sing tjeroeng; bandjoer dioeroeg manèh kaja ḍèk wiwitan.”

Soeprapta takon: "Koewi kabèh akoe isih njanḍak pikirkoe; bareng djaré ana sepoer sing bisa mènèk, moenggah goenoeng, koewi akoe djoeḍeg. Gêk keprijé rékané?”

Soembaga mangsoeli: "O, koewi ora kok moenggah goenoeng ndeder ngono. Ija bener moenggah, nanging ora kaja tjetjak mènèk témbok kaé; dalané sepoer digawé ménggak-ménggok, moebang-moebeng. Oenggah-oenggahané ora sepiraa; moeng waé dalané moenḍak dawa. Éwa déné ija ana sing rada banget moenggahé. Jèn tjanṭèlané kréta sing mboeri ḍéwé peḍot oepamané, koewi mbaliké banter banget lakoené; bisa ndadèkaké tjilakané wong-wong sing noenggang. Moelané moerih adja nganti klakon mengkono, lokomotip disêlèh ana ing mboeri, dadi njoeroeng.”