Kaca:Kembang Setaman.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

9

ta sampoena wonten tojanipoen ing nganḍapipoen, aḍapoer panggoeng. Dados senadjan seganten rob, toja boten saged minggah doemoegi ing salebeting grija. Tijang-tijang waoe pedamelanipoen menḍet oelam;

enggènipoen seneng manggèn wonten sanginggilipoen toja poenika, mbok menawi mélik tjelak kalijan panggénanipoen enggènipoen nggaota pados teḍa. Angsal-angsalanipoen oelam dipoen saremi kalijan dipoen epé, dipoen dadosaken gèsèk, dipoen sadé ḍateng Tjilatjap. Poenapa preloenipoen dipoen saremi poenika? Preloenipoen soepados boten bosok; inggih poenapa boten?