Kaca:Kembang Setaman.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

50

marang tilas moengsoehé; mangka moengsoehé ikoe sing matèni goestiné. Moelané bandjoer golèk réka moerih adja nganti Bandoeng bisa nekani pendjaloeké Lara Djonggrang. Noeli préntah nggoegahi saroepané wong wadon ing Prambanan, dikon noetoe; karo manèh ing lesoeng dikon njebari kembang borèh sing wangi-wangi.
Bareng para lelemboet sing ngréwangi Bandoeng mamboe gandaning kembang, sarta ngroengoe wong noetoe, bandjoer mandeg olèhé njamboet gawé, sabab ngira jèn wis rahina; bandjoer pada bali menjang kajangané ḍéwé-ḍéwé. Dadi tjanḍiné doeroeng rampoeng kabèh, isih koerang.
Bareng Bandoeng weroeh kang mengkono ikoe, banget nepsoené, bandjoer njoepatani botjah-botjah wadon ing Prambanan, adja olèh-olèh bodjo jèn doeroeng dadi prawan toewa. Lara Djonggrang takon marang djaka Bandoeng semoe ngérang-ngérang apa pendjaloeké wis ditekani apa doeroeng. Djaka Bandoeng banget nepsoené. Lara Djonggrang disebdakaké dadi watoe, bandjoer malih dadi retja nganti sepréné iki. Wong-wong Djawa ngira, jèn retjané Sang Kali Doerga ikoe kedadèané Lara Djonggrang; moelané nganti sepréné retja maoe diarani Lara Djonggrang.
Tjanḍi-tjanḍi gawéané lelemboet maoe saiki isih ana, djenengé Tjandi Sèwoe; sing paḍa dideleng dèk menjang Prambanan kaé; nanging akèh sing wis roesak.