Kaca:Kembang Setaman.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

41

santeré kok ora djamak. Moelané ḍèk djaman kedjawan ora taoe digawèkaké kreteg sing temenan, sabab wong nalika ikoe ora kedoega."

Ora soewé olèhé loemakoe paḍa tekan ing pasar Prambanan; noeli ménggok ngalor; tjanḍiné katon ngregoenoek saka ing kadohan. Satekané ing tjanḍi, Mantri goeroe toekoe kartjis kanggo moerid-moeridé lan kanggo awaké ḍéwé; bandjoer paḍa mleboe menjang tjepoerining tjanḍi. Sarèhné wis paḍa krasa rada sajah, dadi ora bandjoer moenggah menjang tjanḍi; ngaso ḍisik ana sangisoring wit ketapang.

12. Tjanḍi Prambanan. II.

Olèhé ngaso ana sangisoring wit ketapang kepénak banget; ja aḍem, ja isis; akèh sing paḍa ngoeḍari boentelané sangoe, olèhé mènèhi bijoengé; pating ketjamoek, karo paḍa goejon. Katoné paḍa seneng-