Kaca:Kembang Setaman.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
59

noenten areng séla. Mekaten poenika ngantos pawon waoe kebak sapenginggil. Ingkang ngebjoeki poenika koeli-koeli; boten kangélan; sabab pangoesoengipoen siti tosan lan areng séla waoe nganggé gléḍégan. Enggènipoen ngesokaken saking bolonganipoen pawon ingkang nginggil poenika, ḍoemawah ing latoe ingkang marong wonten ing nganḍap ngrikoe. Dados siti tosan poenika nganḍap nginggilipoen: areng séla. Menawi areng poenika sampoen sami dados latoe, siti tosan waoe dados bentèr sanget; tosanipoen ladjeng loeloeh. Moerih bentêripoen minḍak santer, nganggé dipoen oeboebi saking nganḍap. Inggih mèmper oeboebanipoen panḍé poenika, nanging ageng sanget.

Menawi tosanipoen sampoen loeloeh, ladjeng ndlèdèk menganḍap medal ing bolongan. Bolongan poenika kénging dipoen bikak, kénging dipoen toetoep. Menawi ing salebeting pawon waoe sampoen kaṭah loeloehanipoen tosan, bolongan poenika dipoen bikak; tosanipoen ladjeng mili ḍateng salebeting siti. Ing ngrikoe sampoen dipoen damelaken kalénan tjijoet-tjijoet, nanging pandjang. Wonten ing ngrikoe dipoen togaken kémawon ngantos asrep; noenten dipoen penḍeti, kénging dipoen tjiṭak oetawi dipoen gemblèng, dipoen damel dandosan werni-werni.

Pawon poenika waoe, menawi sampoen dipoen latoni sepisan, boten dipoen sirep-sirep; rinten daloe tansah dipoen bjoeki siti tosan kalijan areng. Terkaḍang ngantos 15 taoen ladjeng kémawon, Séla-séla ing témbokipoen ladjeng asring wiwit bebrek, sabab kénging ing latoe rinten daloe; poenika ngoewatosi, mbok menawi pawonipoen ambroek.

Latoenipoen ladjeng dipoen pedjahi, pawonipoen dipoen bibrahi, dipoen santoeni séla énggal.