Kaca:Kembang Setaman.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

68

menjang Bogor, Saikiné ngendi-endi wis ana sepoer. Saka Djakarta menjang Soerabaja, jèn noenggang sepoer bisa tekan sadina. La jèn noenggang ḍokar, nganti pirang-pirang dina.

Olèhé masang ril dalan sepoer koewi ora gampang; ora kena kok bandjoer dipasang waé téplak-tèplek ana tengah sawah oetawa tengah alas. Jèn lemahé ènḍèk, dioeroeg ḍisik nganti mingklik-mingklik. Jèn ḍoewoer digempoer. Sing nggarap wong pirang-pirang atoes, pirang-pirang èwoe, nganti sasèn-sasèn oetawa tetaoenan. Jèn nradjang goenoeng, goenoengé ditrowong; nrowong koewi rekasa banget. Iki mengko ija ngliwati trowongan. Jèn nrowong goenoeng, olèhé miwiti saka kiwa tengen. Iba ta angèlé olèhé ngira-ira, moerih trowongané bisa kentjeng, bisa gaṭoek, ṭoek, ora ménggak-ménggok. Penggawéné kreteg sing ana nḍoewoeré djoerang oetawa kali, ikoe ija doedoe penggawéan baèn-baèn. Jèn akoe kowé, ora bisa ndoega-ndoega keprijé rékané; bisané rampoeng babar pisan, kenané diambah sepoer,