Kaca:Kembang Setaman.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

85

sami mrelokaken toembas rerengganing grija, kadosta: pangilon, gambar-gambar lan sapenoenggilanipoen. Gelang kaloeng dedamelan saking tanah sabrang inggih adamel kepéngining tijang-tijang ḍoesoen, sabab wernènipoen apik-apik, toer regènipoen mirah. Kedjawi poenika tijang tani inggih wiwit kepéngin gaḍah médja koersi kados tijang ing negari. Poenika ingkang moeroegaken sami kepéngin tampi jatra. Sagedipoen tampi jatra inggih kedah njadé pamedaling pasitènipoen sawetawis. Kalijan malih inggih moeroegaken soedaning sambat-sinambat ingkang tanpa épah. Dados menawi betah baoe, inggih ladjeng mberahaken.

Tijang tani menawi sadé pamedaling pasitènipoen asring boten doegi-doegi, keremenen tampi jatra. Jatranipoen ladjeng asring dipoen anggé oebral-oebralan: dipoen toembasaken poenapa-poenapa ingkang boten patos preloe. Poenika ingkang mbibrahaken betah. Let sawoelan kalih woelan sampoen ngemoet dridji, boten saged toembas sanḍangan, boten saged mbajari sekolahipoen anakipoen. Ladjeng bentajangan pados jatra. Menawi wantjinipoen njebar, boten gaḍah widji, loemboengipoen sampoen koṭong blong. Ladjeng njamboet-njamboet, dipoen anggé toembas widji oetawi dipoen anggé mberahi tijang ingkang nggarap sabinipoen. Menawi enggènipoen pados jatra namoeng angsal sakeḍik, boten sedeng dipoen anggé ngragadi sabinipoen. Sabinipoen dipoen garap namoeng saketjanḍakipoen kémawon; dados pamedalipoen soeda.

Milanipoen menawi njadé wos pantoen sampoen dipoen telas-telasaken; kedah ngèngèh satjekapipoen dipoen teḍa lan dipoen sanḍang ngantos doemoegi panèn malih. Tijang nganggé jatra samboetan poenika,