Kaca:Kembang Setaman.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

12

paḍa kogèl-kogèla! Mangsa ndadak bisaa mlajoe ora. Seḍéla engkas kowé digorèng. Delengen, Dji, kaja mengkono koewi enggoné molahaké boentoeté, jèn pinoedjoe nglangi. Dadi kaja déné wong molahaké tangan lan sikilé. Boentoet ikoe gawéné kaja déné

Iwak tjoetjoet lan iwak malim loro.
Ing sawenèhing segara ana iwak tjilik tansah sanḍing iwak tjoetjoet, presasat dadi malimé oetawa kang noedoehaké paran.

ḍajoeng. Malah ana iwak sing rosa banget, bisa nggolingaké praoe tjilik-tjilikan, disabet nganggo boentoeté.”

Si Soedji sawisé dikanḍani mengkono, senengé marang iwak moenḍak. Maoené doeroeng taoe ngiling-ilingi iwak kang kaja mengkono genahé. Éwa déné isih doeroeng marem. Enggoné ngiling-ilingi isih dibandjoeraké. Kepéngin weroeh doenoengé kabèh. Iwaké

Iwak disigar oeroet gigiré.