Kaca:Kembang Setaman.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

8

mrika meṭik sekar Widjaja Koesoema. Menawi sampoen angsal, ladjeng dipoen waḍahi ing kenḍagi mawi dipoen pajoengi gilap, kaoendjoekakan ḍateng Kangdjeng Sinoewoen ingkang mentas djoemeneng. Kala djaman kinanipoen kaṭah para ratoe ing tanah Djawi ngriki ingkang oetoesan mekaten poenika. Kangdjeng

Wit kembang Widjaja-Koesoema

Sinoewoen Pakoe-Boewana ingkang kaping X inggih oetoesan tijang soewidak mlampah ḍarat, ḍateng Tjilatjap, preloe meṭik sekar Widjaja-Koesoema poenika.

Ing salèripoen poelo Noesa-Kambangan poenika wonten segantenipoen alit nama Seganten-anakan. Ing satengahing Seganten-anakan ngrikoe wonten paḍoesoenanipoen. Déné grijanipoen tijang-tijang, jèn