Kaca:Kembang Setaman.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
72

ambané. Dadi jèn ana kréta amot barang saka ngetrèm, arep dibandjoeraké metoe sepoer, ora soesah dielihi. Krétane momotan koewi waé diwetokaké ing dalan sepoer, ija plek waé. Moeng sepoer N.I. S. (Ngajodja-Sala-Semarang), dalané amba, gèsèh karo sepoer lija-lijané.

Isih ana manèh toenggangan sing loewih déning rikat, ngambah awang-awang, djenengé kapal oedara oetawa zeppelin. Toenggangané kaja praoe; sing noenggang manggon ana ing omah-omahan sadjroné balon. Lakoené bablas waé, ora predoeli apa-apa, sabab lakoené ana ing awang-awang; dadi alas, koeta-koeta, kali, telaga, koewi kabèh ana ngisoré, ora preloe masang kreteg oetawa ngoeroeg dalan kaja sepoer iki. Wis lakoené rikat, nganggo bisa ngentjeng waé; dadi tekané ngenggon ija gelis banget.

Malah saikiné loewih akèh piranti ora aroepa balon, maboer kaja manoek, ananging swiwiné ora kekedjer, ora koemebet; ikoe diarani montor maboer. Rong dina waé saka Éropa menjang tanah Djawa kéné bisa tekan.”



19. Mbok Sijah pedjahipoen kedawahan oeleg-oeleg.

Mara sampéjan beḍèk tjangkriman koela ing nginggil poenika! Tijang Djawi tisna sanget ḍateng mbok Sijah.
.................................................................
Sapoenika ingkang baḍé koela rembag namoeng saprekawis; sarem.
Boten namoeng tijang Djawi pijambak ingkang tisna