Kaca:Kembang Setaman.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

15

dipoen tjepeng ing poelisi. Enggènipoen mekaten poenika preloe roemaksa ḍateng kadjeng djatos. Roemijin tijang negori sakadjeng-kadjengipoen pijambak, boten nganggé ngèngèh-ngèngèh, toer boten poeroen¸ njoelami. La menawi namoeng dipoen tegori

kémawon, boten mawi dipoen soelami, lami-lami kadjeng djatos rak telas babar pisan; tanah Djawi ladjeng ketelasan kadjeng djatos. Anak poetoe jèn badé damel grija ingkang saé, enggènipoen pados baloengan ingkang apik ḍateng poendi? Kedjawi poenika menawi taksih wonten wana, rak kaṭah tijang ingkang saged beberah