Kaca:Kembang Setaman.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
75

énggalipoen garing, inggih dipoen djèrèng wonten ing gèntèr, boten dipoen oembroek-oembroekaken kémawon.

Sarem anggènipoen noesoeki saking ing bloembangan waoe, dipoen ekoem malih wonten ing toja, karebèn adjoer; ladjeng dipoen resiki ngantos peṭak, wernènipoen woekon-woekon, ladjeng dipoen kintoenaken dateng poendi-poendi, dipoen sadé. Wonten ingkang dipoen pipit, dipoen tjiṭaki kados banon; sabanon awratipoen sekati. Ing Inḍonésijah saremipoen sarem banon sadaja.

Menawi tijang pesisir kidoel ing Ngajogjakarta, roemijin pendamelipoen sarem mekaten: Menawi seganten pinoedjoe sob, tijang-tijang wira-wiri mendet toja seganten, dipoen rembati nganggé oepih, dipoen siramaken ing weḍèn. Weḍènipoen sadèrèngipoen dipoen sirami toja seganten, dipoen radin roemijin, wijaripoen wetawis salatar. Enggènipoen njirami waoe ngantos.