Kaca:Kembang Setaman.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

25

adjak ningali dhateng margi ageng. Ingrikoe tijang-tijang sampoen djedjel. Sapinggiring margi kiwa tengen, wiwit saking aloen-aloen sapengalèr doemoegi patjinan, tijang sampoen boten kénging dipoen pijak. Éwa déné saking ngoedinipoen, laré kalih waoe saged angsal enggèn radi sekétja.

Boten dangoe mrijem moengel, gleger! pratandha Kangdjeng Sinoewoen sampoen wiwit tedhak. Noenten ketingal pradjoerit abajak-bajak sabregada; penganggénipoen sami sedaja; namoeng dedamelipoen, ingkang sepalih sendjata, sepalih waos. Ladjeng sabregada malih; penganggénipoen gèsèh kalijan ingkang roemijin; dedamelipoen inggih palihan. Djajoes njarijosaken namanipoen pradjoerit waoe sagolongan-sagolongan. Oeroet-oeroetanipoen mekaten: Ingkang wonten ngadjeng pijambak pradjoerit Wirabradja; tijang kathah mastani pradjoerit Irabradja. Noenten pradjoerit Ketanggoeng, Dhaèng, Djagakarja, Pradjoerit Kawan dasa, ladjeng pradjoerit Prawiratama. Sawingkingipoen poenika ladjeng abdi dalem prijantoen Midji Somaatmadja, ladjeng Boepati najaka sekawan. Sawingkingipoen Pradjoerit Kawan dasa wonten kréta saé sanget; kapalipoen tigang rakit. Poenika titihanipoen Kangdjeng Goesti Pangéran Adipati Anom.

Ladjeng ketingal kapal rakitan malih; ingkang ngadjeng dipoen toempaki tijang, penganggénipoen kados saradhadhoe nganggé boeloe-boeloe. Sardiman soemlengeren ningali. Kapalipoen kawan rakit, oelesipoen sami sedaja, toer ageng-ageng lan bagoes-bagoes; dandosanipoen inggih saé-saé. Setoenggal-setoenggalipoen kapal dipoen tjepengi ing tijang setoenggal; penganggénipoen inggih bregas.