Kaca:Kembang Setaman.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

11

begdja olèhé mantjing olèh akèh, ija boengah, déné mengko jèn mangan bakal nganggo lawoeh iwak. Toer iwaké enggoné mantjing ḍéwé. Moelané sing paḍa dipikir ora ana manèh kedjaba moeng iwak olèh-olèhané mantjing. Si Soedji takon menjang kakangné. Tjelaṭoené: „Kang! Iwak koewi ana ing banjoe kok ora keplepeken! Jèn menoengsa ana ing djero banjoe rak ora betah soewé. Koewi keprijé sababé?”

Wangsoelané kakangné: „Ikoe gampang waé. Mara roengokna, dakkanḍani. Wong ikoe paḍa ndoewèni keboek. Ikoe sing dianggo ambekan; déné iwak, pirantiné ambekan doedoe keboek, angsang. Mengko, daktoedoehi! Delengen, iki lo angsangé, ana ing samboerining enḍas iki. Angsangé ikoe gawéné dienggo njerot hawa saka ing banjoe.”

Si Soedji tjelaṭoe manèh: „Elo! njerot hawa kok saka ing banjoe? Apa ing banjoe ikoe ana hawané?” Wangsoelané kakangné: „Ana; ing banjoe ikoe ija ana hawané. Mengko jèn si embok nggoḍog wédang, kowé daktoedoehi. Jèn iwak ikoe ana ing sadjroning banjoe, tjangkemé diangapaké, toemoeli kelebon banjoe. Ananging banjoe ikoe bandjoer metoe ing sela-selaning angsang; hawané diserot. Samangsa iwak ikoe doemoenoeng ana ing ḍaratan, angsangé bandjoer garing, iwaké mati.”

Ora antara soewé lakoené tekan ing omah, kepisé bandjoer disoentak. Sidji-loro isih ana sing pating klèpèk sarta kogèl-kogèl. Tjelaṭoené kakangné „Ija,