Ing sawidjining dina wajah ésoek Mantri goeroe Ngabéan Ngajodja noenggang sepoer karo moerid-moeridé ing pangkat kang ḍoewoer ḍéwé, arep menjang Kalasan. Preloené arep paḍa ndeleng tjandi. Satekané ing Kalasan pada moeḍoen, noeli paḍa mlakoe ḍarat.
Ora soewé tekan ing Tjanḍi Kalasan. Tjanḍi ikoe kinoebeng ing pager kawat; wangoené olèhé mageri doeroeng lawas, sabab kawaté katon isih anjar. Mantri goeroe noeli kanḍa: ,,Lé, tjanḍi iki oemoeré wis loewih 1000 taoen; roepané isih mengkéné; méndah ḍék anjaré. Mara ta delengen apiké; watoené paḍa dioekir-oekir nganggo gambaran betjik-betjik. Man, kowé bisa, Man, nggambar mengkono?” Sarman mangsoeli: ,,Boten! Mbokmenawi embèn wingking saged.”
,,Tjandi iki bijèn, djaré-djaréné sing digawèkaké widadari, arané Dèwi Tara.”
Botjah-botjah pada keḍemenen ndeleng oekir-oekiran sing ana ing watoe kono. Apa manèh sing ndadèkaké gawoké, ndeleng gambar naga pirang-pirang; ora wareg-wareg olèhé ndeleng; nanging bandjoer diadjak moenggah, tekan ing sențongan. Mantri goeroe bandjoer kanḍa: ,,Ing sențongan kéné iki bijèn ana retjané Dèwi Tara; sențongan kono koewi bijèn ija ana retjané. Ing legok-legokan kono-kono koewi bijèn ija ana; saikiné wis pada ilang. Sangisoré sentongan kéné iki, kira-kira ana awoené wong Inḍoe djaman bijên sing diadji-adji ing wong akèh.”