Kaca:Kembang Setaman.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
73

ḍateng sarem. Djandji sipat menoengsa, mesṭi betah ḍateng sarem. Menawi olah-olahan boten nganggé sarem, mesṭi tjemplang, boten étja. Menawi tijang kontjatan sarem sawetawis dinten, awakipoen mesṭi kraos loengkrah.

Poenapa sampéjan soemerep, sarem poenika pinangkanipoen saking ing poendi? Mesṭènipoen sampéjan inggih sampoen mireng kabaripoen, menawi sarem poenika, ingkang dipoen damel, toja seganten. Toja seganten poenika wernènipoen kados limrahipoen toja kémawon; éwa semanten boten kénging dipoen ombé, sabab raosipoen asin sanget semoe pait toer leteng; awit toja seganten poenika pantjèn wonten saremipoen. Menawi toja seganten satoes timba dipoen goḍog; dipoen esataken, ladjeng wonten intipipoen ingkang awerni sarem wetawis kalih oetawi tigang timba. La sarem ingkang wonten ing seganten poenika pinangkanipoen saking poendi? Prekawis poenika ing béndjing sampéjan koela tjrijosi. Sapoenika koela baḍé nerangaken bab pendamelipoen sarem kémawon. Waoe sampéjan sampoen koela tjrijosi: toja seganten menawi dipoen goḍog ngantos asat, ladjeng ngintip; intipipoen poenika sarem. Nanging menawi damel sarem sarana dipoen latoni mekaten, méndah katah wragadipoen. Saremrak dados awis; menawi dipoen sadé mirah, ingkang damel sarem mesṭi toena. Dados enggènipoen nggaota boten saged angsal panggesangan.

Ing Madoera, sanḍing pinggiripoen seganten, dipoen damelaken bloembangan wijar-wijar, nanging tjeṭèk. Menawi seganten ngleresi rob, tojanipoen mili ḍateng bloembangan, noenten margènipoen dipoen toetoep; dados menawi seganten sob, tojanipoen boten toemoet