Kaca:Kembang Setaman.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

20

djèdjèr ana sandingé mata tengen. Dadi mata loro, sing sidji manggon ing sisih tengen, sidjiné ana ing ngarep, ing doewoer endas. Karo manèh awaké sing sisih tengen roepané ija malih dadi kaja lemah: abang semoe ireng oetawa klawoe; ana plenik-pleniké boender koening oetawa abang, plek kaja roepané wedi oetawa krikil kang mblasah ana ing wedèn. Ana ing wedèn ikoe siripé ing geger sarta ing weteng lan kèpèté, dianggo ngedoeki wedi; bandjoer mendem; sing ora kependem moeng sawetara. Preloené karebèn adja katon marang iwak sing gedé-gedé; sabab koewatir mbok menawa dioental; sarta manèh adja nganti kawroehan iwak-iwak tjilik sing arep ditjaplok, sabab panganané iwak tjilik-tjilik. Sarèhné nglangi ora pati pinter, pangan sing disenengi banget moeng kéwan-kéwan kang ana tjangkoké lan bangsa tjatjing; ikoe gampang tjekel-tjekelané ana ing sadasaring banjoe.

Pengrasakoe saiki wis genah banget, apa sababé déné awaké sing sisih kiwa mèh ora ana dagingé. Dagingé ngloempoek ana ing sisih tengen.

Éwa déné kèh-kèhé oewong ana sing doewé pengira sing nganèh-anèhi, jaikoe wong kang ora weroeh marang oeripé iwak wéndra maoe. Kandané, moelané iwak wéndra dadi lemoe sisih mengkono, sabab kasektèné Panembahan Sénapati ing Mataram kang soemaré ing Pasar-Gedé ing Ngajogjakarta. Mengkéné tjritané:

Anoedjoe sawidjining dina Sang Panembahan dahar lawoehé panggang pitik woetoehan karo iwak lélé, karo iwak wéndra. Adoené tjokak karo lombok karo ana lijané manèh. Olah-olahan mengkono ikoe djenengé,, oerip-oerip”. Bareng wiwit dahar, sing ditjoewil