Kaca:Kembang Setaman.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

19

djatos, entoengipoen poenika dipoen penḍeti ngantos angsal pinten-pinten rindjing, dipoen sadé ḍateng peken, sami dipoen anggé lawoeh ḍateng tijang ing- kang dojan..

Ingkang mekaten dados genah, jèn wit djatos poenika ageng sanget paédahipoen. Béndjing bèn menawi sampéjan keleresan saged soemerep wit djatos saking tjelakan, sampéjan tamataken ingkang jektos; kalijan sampéjan sampoen soepé maspaosaken sekaripoen, werninipoen woengoe. Wit djatos manawi sekar, pendak mangsa laboeh.

5. Iwak wéndra.

Ing segara sakoebengé tanah Djawa iki akèh iwaké roepa-roepa; ḍapoeré ija gèsèh-gèsèh. Ana sing gilig dawa, ana sing gèpèng, ana sing tipis, kajata iwak wéndra oetawa iwak léndra, iwak lajoer, teri lan sapenoenggalané.

Iwak wéndra ikoe, jèn isih tjilik, ija kaja iwak lija- lijané. Awaké sing sisih kiwa karo sisih tengen roepané pada baé. Matané loro: ing sisih kiwa sidji, ing sisih tengen sidji. Jèn nglangi ija loemrah kaja iwak lija- lijané.

Jèn moenḍak geḍé, bandjoer gèpèng atipis. Senengané nggléṭak ana ing saḍasaring banjoe. Awaké sing kiwa ana ing ngisor. Dadi matané sing kiwa ora kena dianggo ndedeleng, sabab kependem ing weḍèn. Ikoe lawas- lawas mingsed-mingsed moenggah, njeḍaki mata sidjiné. Karo manèh sisiké sing sisih kiwa roepané bandjoer malih bawoek. Matané kiwa lawas-lawas bandjoer