81
Bapakné mbandjoeraké kanḍa: „Kowé wis weroeh jèn laler ikoe roepa-roepa, ora moeng saroepa waé. Ana sing geḍé, roepané idjo gilap, djenengé laler idjo oetawa laler wilis. Koewi jèn ngenḍog senengané ana ing daging oetawa ing pekiwan, ora ana ing tléṭongan. Panggonané ikoe ija dadi panganing anaké jèn wis netes. Ana manèh laler sing pangenḍogé ana ing koelité kéwan sing isih oerip, kajata ing koeliting djaran, kebo, weḍoes sapenoenggalané. Jèn wis netes, anaké bandjoer ngoereki koelit, olèhé ngenṭoeng ija ana ing kono. Kéwan sing dienggoni ikoe, wis mesti waé gregeten lan ora seneng; nanging si laler ora predoeli.”
Botjah-botjah maoe paḍa ndongong olèhé ngroengokaké. Embokné Soekanta bandjoer tjelaṭoe: „Wis, lé, panganané paḍa panganen, entèkna. Mengko laleré selak teka manèh pirang-pirang.” Botjah-botjah énggal toemandang mangani panganan lan ngombé setroep kanṭi boengah-boengah. Bapa bijoengé mèloe boengah. Bandjoer boebaran.
I.
Roemijin ing ḍoesoen-ḍoesoen oetawi ing pekampoengan, menawi wonten tijang baḍé mbeḍol grija oetawi ngedegaken grija alit-alitan kémawon, tijang waoe ladjeng njambat ḍateng tangga tepalihipoen.
Tijang sambatan waoe boten nganggé dipoen épahi, namoeng dipoen ingahi kémawon sapantesipoen. Ingkang mekaten poenika adamel majaring tijang ingkang gaḍah perloe. Sarèhning lampah mekaten poenika
DEENIK lan VAN DIJCK, Kembang Setaman II.6