ngajoeh ing gagana kaja Radèn Gaṭoetkatja. Karo manèh doewé tlalé kanggo nesep pangané. Dojanané, sing legi-legi oetawa sing batjin-batjin.”
Soekanta njelani: "Ah, koela kok gigoe!”
Bapakné mangsoeli: "Ija pantjèn nggigoni; nanging wong angèl banget, olèhé ngedohaké keprijé, ta? Karo manèh jèn wis woedjoed laler ikoe roepané ora nggigoni; sikilé nenem kaja semoet lan rajap. Sikilé ikoe ing saboboté ija koewat toer kengkeng. Wangoené Jèn dianggo mlakoe ora bakal lémpoh. Soewiwiné oetawa elaré loro, kelar ndjoendjoeng lan nggawa awaké ing sakarepé. Mara tamatna, ta; koewi lo ana laler, sikilé koewi ana woeloené lemboet-lemboet lan ana ros-rosané. Poetjoeké rada ndjebèr seṭiṭik; ikoe kena dienggo méntjok ing saenggon-enggon. Ana ing pengilon oetawa ing katja ija bisa méntjok lan bisa mlakoe gampang waé, ora koewatir keplèsèd. Jèn mlakoe djlalat-djlalat, sadjak ngéwak-éwakaké, kaja Radèn Tjitraksi. Sikilé sing katon koewi, sing sidji sikil ngarep, sidjiné sikil tengah, sidjiné sikil mboeri. Ing kanané ija ana sikilé mengkono; dadi sikilé teloeng pasang.”
Maoe-maoené si Soekanta ora taoe mikir marang. awaking laler. Bareng dikanḍani bapakné mengkono ikoe, dawa-dawa pamikiré. Wasana bandjoer gawok banget marang pangoewasané Pangéran kang nitahaké. Samoebarang titahé, jèn dipikir temenan, mesṭi agawé éram. Soekanta lagi ḍeleg-ḍeleg mikir-mikir, kewoewoehan bapakné njaritakaké matané laler; geḍéné ora madjad karo awaké; moelané awasé ngébat-ébati. Soekanta sangsaja goemoen, lan sangsaja moenḍak pangertiné.