Kaca:Kembang Setaman.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

74

wangsoel, kantoen wonten ing bloembangan ngrikoe. Sarèhné kebentèran saben dinten, mila ladjeng ngoekoes; dangoe-dangoe asat. Saremipoen kantoen wonten ing ḍasaring bloembangan, dipoen pendeti tijang-tijang ing ngrikoe, dipoen sadé ḍateng Negari.

Poenapa preloenipoen. déné bloembangan poenika dipoen damel tjeṭèk mekaten? Preloenipoen soepados loemahipoen toja djembar, sabab ingkang ngoekoes poenika namoeng ing inggil kémawon. Dados sangsaja wijar loemahipoen, pangoekoesipoen sangsaja rikat.

Toja sami katahipoen, dipoen sèlèh wonten ing gelas, kalijan wonten ing piring, mesṭi énggal asat ingkang wonten ing piring. Prekawis poenika mesṭênipoen sampéjan inggih sampoen sami nitèni. Mekaten oegi sindjang ingkang mentas dipoen koembah, moerih