Kaca:Kembang Setaman.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4

rak metoe kawat sing oeroet pinggir dalan nikoe; moelané rikat. Sing nggawa kabar nggih kawat nikoe."

Nalika semana wis soré; pak Begog bandjoer mleboe

menjang djero omah, kanda bodjoné. Petiné anaké bandjoer didoedah, digolèki klambiné poetih sing anjar. Bareng wis ketemoe, pak Begog, bandjoer tjlatoe marang bodjoné: ,,Iki betjik ndang dikirimaké waé, sabab kana ngarep-arep. Moerih énggalé teka, tak