Kaca:Kembang Setaman.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
32

Déné menawi enggènipoen nigan wonten ing pang génan ingkang saé, mesti boten mekaten. Let 6 oetawi 7 dinten netes; boten dangoe ladjeng damel lamat, goemantoeng wonten ingrikoe kados déné anak kemangga. Menawi wonten angin ladjeng kaboer, saged ḍoemoegi ing panggénan ingkang dipoen senengi.

Mara, ingkang dipoen senengi ḍoemawah ing poenapa?

Sampoen mesti kémawon senengipoen ḍoemawah ing poepoes. Ladjeng dipoen teḍa; ingkang empoek-empoek telas sedaja. Ingkang mekaten poenika sajektosipoen boten patos dados poenapa. Ananging kéwan waoe njengitipoen boten namoeng semanten kémawon. Wetawis 3 dinten malih, jên sampoen minḍak rosa, sarta jèn tjangkemipoen sampoen minḍak sentosa, ladjeng mandjing ing oewit. Toemoenten damel mergi ngantos ḍoemoegi ing nganḍap. Wonten ingrikoe sampoen boten moetawatosi poenapa-poenapa; boten wonten kéwan ingkang saged njepeng; malah doemoenoeng wonten ing satengah-tengahing oewit sarta njolongi teḍanipoen poen oewit. Wit pantoen ingkang mekaten poenika mesti kerisakan. Ronipoen ingkang wonten inginggil, ingkang taksih enèm, ladjeng dados djené, ngroewel, woesana garing. Kéwan wage ladjeng manggèn wonten ing salebeting oewit ingkang nganḍap. Boten antawis lami ladjeng dados ageng alema, sarta énggal dados entoeng. Ananging sadêrêngipoen dados entoeng, damel bolongan roemijin wonten salebeting oewit. Menawi sampoen rampoeng, ladjeng toetoep nganggé lamat.

Poenapa sampéjan soemerep damelipoen bolongan poenika? Boten? Koela tjrijosi inggih. Sasampoenipoen noetoep bolongan waoe, ladjeng dados entoeng. Menawi