63
Ana prijaji wis toewa noenggang sepoer bebarengan karo botjah nonoman teloe. Sidji djenengé Soeprapta, sidji Arsana, sidjiné Soembaga. Prijaji maoe sok ngantoek, terkadang ija toeroe barang, karo linggih baé. Bareng wis soewé olèhé toeroe bandjoer nglilir karo moelèt sarta tjelațoe: „Ah, saiki iki, jèn leloengan kok kepénak temen; karo toeroe waé bisa tekan ngenggon.” Soeprapta njamboengi: „Roemijin poenapa boten mekaten?” Prijaji mangsoeli: „Ora; bijèn doeroeng ana sepoer, doeroeng ana trèm. Djaréné, wong leloengan djaman koena, rekasa banget. Dalan-dalan presasat doeroeng ana; moeng sing tjeḍak-tjeḍak kraton ana dalané sing rada betjik; nanging ja ora betjik kaja saiki. Wong dagang lan bakoel-bakoel, jèn arep menjang negara, metoe ing dalan tjilik, moeng seḍeng wong sidji. Dagangané digénḍong oetawa dipikoel; ana sing diemot ing djaran; sing diemot tjikar arang-arang. Wongé paḍa mlakoe darat bebarengan akèh karo nggawa gegaman: toembak, keris, peḍang; sabab sedalan-dalan bégal pirang-pirang. Boeron galak, kajata: matjan, tjèlèng, asoe adjag, asoe kikik, ora koerang. Wong-wong wadon oetawa botjah-botjah arang-arang sing leloengan adoh; jèn preloe leloengan, ja noenggang djaran oetawa kremoen oetawa tanḍoe. Ana manèh sing soegih banget, noenggang grobag oetawa peḍati, oetawa kréta; ora ana piré kaja toenggangan djaman saiki; roḍané kajoe woetoehan baé. Dadi jèn ditoenggangi djlag-djloeg, lara kabèh menjang awak. Ḍèk djaman Madjapait ja wis ana kréta, djenengé gerbong; koewi toenggangané para poetri, jèn nḍèrèk