Kaca:Kembang Setaman.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
79

soesahé. Kiwa-tengen, ngisor-ndoewoer, wis pepanganan tok waé; ora soesah kloejoeran mrana-mrana."

Soekanta njelani: ,,Tobat, la jèn ngaten rak djember sanget, laler menika. Alit manggèn wonten ing tlétong, ageng péntjokanipoen tlétong; ladjeng pinḍah-pinḍah ḍateng teteḍan warni-warni! Sekedik-sekedik soe- koenipoen poenika rak inggih goepak tlétong! Dados sampoen lajak kemawon anggèn koela gregeten poenika."

Bapakné mangsoeli: ,,Pantjèn ija djember; nanging tak toetoegné disik olèhkoe kanḍa. Roepané esèt ikoe, bongkot poetjoeké lantjip, ora ana sikilé, ora ana laré, ora ana apa-apané; moeng ana tjangkemé waé tjilik banget. Jèn wis sawetara lawasé olèhé oerip ngénak-énak mengkono ikoe, bandjoer ngentoeng. Jèn moenggoeha oewong, tapa; koewi meneng waé, ora obah, ora osik, wis kaja mati, nganti sawetara dina. Noeli mloengsoengi, ninggal panggonané lawas, ngrasoek badan laler, ana sikilé lan ana elaré. Bandjoer bisa