Kaca:Kembang Setaman.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

82

gentosan, inggih boten wonten ingkang ngresoela, malah enggènipoen njamboet damel ketingal sengkoed. Menawi ngleresi ngoendjoekaken empjak, swaranipoen tijang pating brengok. Kadjengipoen sami ngélikaken oetawi nandjangi kantja-kantjanipoen ingkang sami sesarengan njamboet damel poenika. Sarèhning enggènipoen njoewara poenika sesarengan, dados inggih presasat tanpa damel, sabab satoenggil-toenggiling tijang namoeng kepireng swaranipoen pijambak kémawon. Ananging sarèhning sampoen koelina mekaten, kok inggih toemindak. Sedinten kémawon grija sampoen saged ngadeg, pajon sampoen broekoet. Terkaḍang geḍègipoen inggih sampoen kaṭah ingkang dipoen etrapaken. Sagedipoen rikat poenika margi pedamelanipoen dipoen bagé-bagé. Wonten ingkang dipoen patah damel toetoes, wonten ingkang dipoen patah atrap pajon. Wonten ingkang dipoen patah atrap geḍèg lan sapenoenggilanipoen. Ingkang mekaten poenika inggih kados tjara-tjaraning tijang gegrija: wonten ingkang bebahanipoen pados teḍa, wonten ingkang dipoen patah olah-olah, wonten ingkang dipoen patah resik-resik. Tijang djaler pados teḍa, tijang èstri ngopèni kajanipoen tijang djaler lan ngratengi teteḍan. Anak èstri ngréntjangi bijoeng, anak djaler ngréntjangi bapa. Menawi anak taksih alit, sraboedan: djaler èstri boten adjeg pedamelanipoen. Asring ngréntjangi bapa asring ngréntjangi bijoeng, namoeng mitoeroet sakoewawinipoen kémawon, kados ta: pados kadjeng bong, ngintoen ḍateng sabin, ngangsoe, njapoe, asah-asah piring lan sapenoenggilanipoen.

Waoe sampoen koela tjarijosaken, menawi tjaranipoen ing ḍoesoen oetawi pekampoengan poenika kados