5
sampirné njang kawat ndalan kana waé, ja mbokné; dadi soré: iki bisa tekan kana.” Klambiné bandjoer digawa menjang ratan, disampiraké ana ing kawat tlégrap; olèhé njampiraké nganggo gantar. Sarèhné aḍem, dadi pak Begog bandjoer moelih baé, ora ngentèni mangkaté si klambi. Bareng wis tekan ing djero ngomah, bandjoer omong-omongan seḍéla karo bodjoné, nganḍakaké rikaté telégram; karo ngrasani anaké, méndah boengahé jèn tampa klambiné.
Bareng wis bengi, ana wong onglang-angling liwat ngarepané pak Begog; weroeh ana klambi semampir ana ing kawat tlégrap, bandjoer dipènèk noeroet tjagaké; klambiné bandjoer disenḍal. Bareng diiling-ilingi, digrajangi, ketara jèn isih betjik banget. Bandjoer tjoetjoel klambi; klambiné olèhé ndjoepoek maoe dianggo, kepénak, bisa sreg. Sarèhné klambiné ḍéwé wis bawoek banget, bandjoer ora dianggo manèh, dioentjalaké menjang kawat. Dilalah kok bisa semampir. Wong maoe bandjoer loenga.
Ésoeké pak Begog niliki menjang ratan, bok menawa anaké kirim wangsoelan. Bareng njawang kawat tlégrap, weroeh ana klambi sédjé semampir. Énggal-énggal moelih ndjoepoek gèntèr; klambiné disènggèt, karo ngoendang-oendang bodjoné: ,,Mbokné, iki lo, klambiné anakmoe sing lawas wis dikirimaké mréné; ta énggal mrénéa! Anakmoe klambiné kok djeboel wis kaja ngéné! Ah, memelas banget ané! Ta delengen ki lo, wis akèh sing bolong, Olèhé toekoe ḍèk kapan iki. Ḍèk moelih anjar iki pengrasakoe kok doeroeng doewé klambi ngéné iki!”
Lelakoné pak Begog maoe keproengoe marang tangga teparoné ing désa kono. Akèh sing paḍa teka,