Kaca:Kembang Setaman.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

56

Ing kapoeloan Inḍonésijah ngriki klebet kaṭah taḍahipoen tosan; poenika dipoen ḍatengaken saking ing tanah sabrang. Wonten ing ngriki dipoen damel dandosan werni-werni. Ing ngrika-ngrika, kadosta ing Soerabaja, inggih wonten panggénan pangloeloehan tosan. Tosan ingkang ḍateng saking sabrang, wonten ing ngrikoe dipoen loeloeh malih, dipoen damel roḍa, eroeng-oeroeng, saka, pirantos pabrik, lan sanès-sanèsipoen.

Gambar ing wingking poenika gambaripoen pabrik tosan; tijang-tijangipoen sami njamboet damel njiṭak tosan. Menawi sampéjan saged ningali pabrik tosan, kinten koela, ingkang sampéjan tingali inggih kaṭah èmpèripoen kalijan gambar poenika.



15. Amané wit krambil.

Takbeḍèk kowé mesṭi wis weroeh kéwan sing arep taktjritakaké iki; geḍéné wetara saponggé, roepané sawo mateng, meleng-meleng kaja beling. Ing enḍasé ana soengoené njrapang kaja eri mawar, sikilé nenem. Jèn digegem, mengkang-mengkang ora gelem, koedoe metoe baé. Menjang tangan rada lara, sabab sikilé ana eriné, ngrènḍèt-ngrènḍèt. Djenengé kwangwoeng oetawa wangwoeng.

Apa kowé wis taoe namataké elaré? Pira elaré? Papat; ija apa ora? Sing ana ing djaba loro, roepané sawo mateng, sarta woeled akandel, dadi toetoepé elar loro sing ana ing djeroné. Sing ana ing djero tipis ngramjang, kena dilempit-lempit. Ikoe sing pantjèn