Kaca:Kembang Setaman.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

59

wit krambil. Jèn akèh sing gelem nggolèki kwangwoeng menjang sadjroning ponḍoh, wit krambil mesṭi bisa loewar saka satroené sing mbebajani.

16. Moela-boekanipoen wonten pantoen.

Katjarijos ing djaman kina Beṭara Goeroe karsa nitahaken Widadari, kaparingan nama Retna Doemilah. Sareng Retna Doemilah sampoen diwasa, saking karsanipoen Beṭara Goeroe baḍé dipoen poenḍoet garwa. Retna Doemilah inggih poeroen dipoen poenḍoet garwa, ananging gaḍah panoewoen tigang prekawis:

  1. Njoewoen teḍa, ingkang boten mboseni ing selami-laminipoen.
  2. Njoewoen penganggé ingkang boten kénging ing risak.
  3. Njoewoen gangsa serantjak, ingkang saged moengel pijambak.

Sareng Beṭara Goeroe tampi pepanggilipoen Retna Doemilah ingkang mekaten poenika, sanget kawekèn ing galih. Milanipoen ladjeng oetoesan Kala Goemarang toemeḍak ḍateng Martjapada, pados ingkang dados panoewoenipoen Retna Doemilah.