Kaca:Kembang Setaman.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
18

inggil pedjah, ingkang nganḍap taksih gesang. Mekaten poenika, menawi sampoen kalih taoen, saweg dipoen tegor. Pangoesoengipoen kadjeng saking ing wana poenika inggih kangélan. Wonten ingkang dipoen keṭok-keṭok dipoen gèrèd ing tijang; wonten ingkang dipoen gèrèd ing lemboe oetawi maésa. Asring dipoen damelaken ril, dipoen emot ing lori, dipoen bekta dateng balokan. Déné ingkang nggèrèd lokomotip. Dados tétéla, jèn kedah katah ingkang njamboet damel; ingkang angsal pangoepadjiwa inggih kaṭah.

 Menawi sampoen doemoegi ing balokan, ladjeng dipoen sadé ḍateng poendi-poendi. Malah wonten ingkang dipoen kintoenaken ḍateng tanah sabrang barang, sabab kadjeng djatos poenika sampoen misoewoer saénipoen. Wonten ingkang dipoen damel baita, wonten ingkang dipoen damel baloengan grija, kreteg, grobag lan sanès-sanèsipoen. Toekang kadjeng, menawi toembas kadjeng, inggih dateng balokan, dipoen damel koersi, bangkoe, lemantoen lan sapenoenggilanipoen. Bantalanipoen margi sepoer poenika, ingkang dipoen damel inggih kadjeng djatos. Menawi tijang Djawi, wit djatos poenika ingkang dipoen pendet boten namoeng kadjengipoen kémawon, ronipoen inggih dipoen poerih paédahipoen.

 Jèn ketiga ngerak, wetawis salebeting woelan Agoestoes kalijan Sèptèmber, wit djatos poenika brindil; menawi sampoen wiwit djawah, ladjeng medal ronipoen enèm-enèm, namanipoen djompong. Poenika asring dipoen pendeti dipoen anggé boentel sekoel oetawi témpé kalijan sanès-sanèsipoen; wonten ingkang dipoen anggé ngoedoengi taneman sata ingkang taksih alit-alit. Ing tanah Madioen, menawi ngleresi kaṭah entoeng