Kaca:Kembang Setaman.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

66

koewi. Jèn noenggang kréta pos, ndjoedjoer tanah Djawa, bisa tekan sadjroné 6 oetawa 7 dina. Mangka sadoeroengé ana prenatan mengkono, nganti lakon 10 dina.

Kedjaba ratan koewi, ana manèh kreteg-kreteg pirang-pirang sing digawé. Dadi lakoené wong oetawa

toenggangan, senadjan kaliné bandjir, ija bisa bandjoer baé.

Djaman saiki saben koeṭa akèh toenggangan. Saḍéngah wong bisa noenggang; ḍoewit setali waé wis kena dianggo moebeng-moebeng. Jèn ing Djakarta, ḍokar koewi djenengé sado; kréta séwan: ébro. Jèn Sala oetawa Ngajodja, kréta séwan djenengé anḍong; jèn Soerabaja: kosong. Bijèn akoe wis taoe menjang Djakarta, menjang Soerabaja; wah, toenggangan pating sliri, pating sriwet, nganti bingoeng akoe.

Toenggangan-toenggangan sing mengkono koewi kabèh, jèn ditimbang karo ḍèk djaman bijèn, wis betjik banget; nanging sing betjik ḍéwé, jèn djaman saiki, ija moeng sepoer; bisa amot wong pirang-pirang