57
dienggo miber. Dadi kaja déné ampal lan katimoempel.
Jèn awan ndjintel ana ing poetjoeking wit krambil; moeng jèn soré oetawa bengi baé miber separan-paran. Olèhé ndjintel ikoe nganggo ngrikiti blarak. Tjangkemé rosa banget; sikilé sing dianggo mitoeloengi jèn memangan, ikoe ija koewat. Apa manèh jèn olêh djanoer sing doeroeng megar. Jèn djanoer maoe megar, katon krèwèk kabèh. Sing sok ndadèkakè bilainé wit krambil, jèn ponḍohé katoet dipangan; bandjoer ora bisa modot-modot; lawas-lawas mati. Pantjènè ija ora mèmper, wong wit semono geḍéné kok mati moeng djalaran digoena-gawé marang kéwan sing semono tjiliké. Nanging wong wis mèh mratah, apesé samoebarang sing geḍé, sing koewat ikoe, jèn moengsoeh karo sing tjilik-tjilik mengkono ikoe.
Kwangwoeng ikoe kerep baé manggon ana ing ponḍohé wit krambil. Ana ing kono bandjoer ngénak-énak kaja prijaji geḍé sing ora doewé pegawéan; gawéné moeng mangan karo toeroe. Sing wadon bandjoer ngenḍog; ananging olèhé ngenḍog ora ana ing kono, ana ing tlétongan oetawa ana ing kekajon kang wis bosok; sabab weroeh, jèn anaké sing bakal netes, pangané ora kaja wong toewané. Jèn wis sawetara dina, enḍog maoe bandjoer netes, metoe anaké. Ḍapoeré gèsèh karo bapa bijoengé, roepané kaja oeler, nanging poetih. tjilik-tjilik; ora ana swiwiné sarta ora ana matané.