Kaca:Kembang Setaman.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
10

Kalijan malih tijang-tijang waoe sami pados simping. Simping poenika bangsaning kidjing oetawi tirem, inggih kénging dipoen teda kados tirem. Terkadang salebetipoen tjangkokipoen wonten moetijaranipoen alit-alit.

Saking tjrijosipoen tijang Djawi ing djaman roemijin, poelo Noesa-Kambangan poenika waoenipoen koemambang alémbak-lémbak. Menawi ketradjang ing angin saking lèr, katoet mangidoel. Sareng wonten ing tengah seganten, ketempoeh ing aloen saking kiwa-tengen ladjeng petjah-petjah. Menawi ketradjang angin saking kidoel ladjeng mengalèr, natab pasisiring tanah Djawi, agodag-gadoeg, adamel djoegroegipoen pesisir waoe.

Anoedjoe satoenggaling dinten wonten pendita badé manggèn wonten ing poelo ngrikoe. Nanging sarèhning poelo waoe tansah gondjing kémawon, dados boten saged ngedegaken grija. Poelo poenika ladjeng dipoen tjantjang nganggé pendjatos angsal tanah Djawi. Ngantos sapriki poelo waoe boten pindah-pindah malih. Déné pendita waoe tjrijosipoen tijang-tijang, pasaréanipoen wonten ing goewa, nama mesdjid Séla (Limoes boentoe).



3. Oerip sadjroning banjoe.

Ing wajah ésoek mbeneri dina Ngahad si Soedji loenga mantjing karo akangné. Enggoné pada mantjing ana ing kedoeng kang misoewoer akèh jwaké. Moelané sedéla baé kepisé wis pada kebak. Toemoeli pada boengah-boengah bali moelih, Kedjaba roemangsa