Kaca:Kembang Setaman.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
83
83

tjaranipoen tijang gegrija. Menawi wonten tijang salah satoenggil ingkang manggih kasoesahan, tijang sanès-sanèsipoen inggih toemoet soesah. Menawi ingkang satoenggal manggih pakèwèd, sanès-sanèsipoen mitoeloengi. Menawi ingkang setoenggil gaḍah damel, ingkang sanès-sanêsipoen tetoeloeng oetawi njoembang wragading gadah damel waoe. Dados adamel èntèng ḍateng tijang ingkang ga ḍah damel. Menawi ing doesoen ba ḍé dipoen damelaken mergi, ladjeng goegoer goenoeng. Sadaja sami toemandang. Mekaten oegi menawi ba ḍé damel wangan, dipoen anggé mergi toja ḍateng sabin. Menawi damel kreteg inggih mekaten. Déné ingkang djagi oetawi nganglang ing wantji daloe inggih dipoen damel giliran; mekaten waoe sadaja moerih majaripoen. Dados tijang poenika tansah toeloeng-tinoeloeng. Pantjèn mekaten lampahipoen ing donja ponika. Kadosta menawi tijang baḍé njerat. Ingkang ndamelaken pèn pijambak; ingkang ndamelakeņ mangsi pijambak; ingkang ndamelaken dlantjang pijambak; ingkang ndamelaken médja, koersi oetawi gelaran papaning njerat, pijambak.

Pedamelan ingkang kawraten oetawi kangélan toemrap ḍateng tijang setoenggil, menawi dipoen garap ing tijang kaṭah, saged majar.

Tijang tani anggènipoen ngoepakara ḍateng tetanemanipoen inggih nganggé pitoeloenganipoen tangga tepalihipoen. Kadosta menawi ngleresi tanem oetawi ngenèni sabinipoen, inggih nganggé njambat tijang sanès. Terkaḍang enggènipoen mloekoe inggih dipoen sambataken, menawi sabinipoen wijar. Njamboet maésa lemboenipoen kantja-kantjanipoen. Mekaten poenika gentosan. Menawi kekirangan pantoen kanggé winih,