Kaca:Kembang Setaman.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
22

Déné iwaké wéndra, ing segara sakoebengé tanah Djawa isih akèh; ija kerep didjoepoeki oewong. Pitiké dadi pitik toekoeng oetawa boekoeng, nak-koemanak, ing ngendi-endi ana.



6. Dateng Ngajogjakarta.
(Ing djaman roemijin.)
I.

Sardiman grijanipoen ing Banjoemas, pinoedjoe toewi sedèrèkipoen misan nama Djajoes ing Ngajodja. Satoenggaling. dinten dipoen djak ningali dateng Taman Sari. Enggènipoen badé mlebet nganggé minggah inginggiling gapoera.

Sareng sampoen doemoegi inginggilipoen_gapoera, Sardiman_soemlengeren, soemerep grija kina pating djenggeleg, pajonipoen kados sirap; ingkang dipoen damel sedaja banon. Ladjeng sami mandap, noenten nglangkoengi mesri “ménggak-ménggok andjog ing bloembangan ageng. Djajoes tjrijos, jên poenika tilas balé kambang, kanggé pasiramanipoen para poetri. Ing pinggiring balé kambang wonten grijanan alit, inggih sarwa témbok dalah pajonipoen. Tjrijosipoen ingrikoe ing roemijin panggénanipoen Kangdjeng Sinoewoen, menawi lenggah mriksani lelangen ing salebeting toja.

Noenten dipoen djak moebeng-moebeng mengidoel, ladjeng mengalèr. Ingrikoe glangkoengi mergi ing salebeting siti, radi peteng kalijan djenes; inginggilipoen inggih wonten marginipoen; margi waoe kalih-kalihipoen