Kaca:Kembang Setaman.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

89

sabab regènipoen taksih mirah; sampéjan ngentosi menawi regènipoen sampoen minḍak. Menawi gadah kadjeng poenapa-poenapa, inggih dipoen tjanḍeta roemijin.

Menawi lebar panèn djengglèng, pantoen ladjeng bjoek-bjoekan dipoen oejangaken, regènipoen mesți mirah sanget. Sangsaja kațah ingkang ngoejangaken, regênipoen sangsaja mlorod.

Menawi sadangoenipoen dèrèng panèn, betah jatra sawetawis, inggih saé pados samboetan ingkang anakanipoen mirah-mirahan kémawon. Déné penjaoeripoen sampoen ngantos lebar panèn plek; sageda let kalih woelan oêétawi tigang woelan kalijan panèn.

Anggènipoen pados samboetan ingkang mirah anakanipoen ḍateng poendi? Ḍateng bang negari oetawi bang ḍoesoen. Menawi ing ḍoesoen boten wonten bang, ḍateng loemboeng ḍoesoen inggih saged. Ing djaman sapoenika Pamaréntah sampoen ngedegaken bang pinten-pinten, preloenipoen kanggé mitoeloengi tijang alit ingkang sami betah jatra; anakanipoen mirah. Déné bang waoe, sagedipoen angsal pawitan jatra ingkang dipoen lampahaken poenika, saking tijang-tijang ingkang sami njèlèngi jatra ngrikoe; ingkang njèlèngi poenika inggih angsal anakan sekeḍik.

Ingkang nglampahaken bang poenika kedah dipoen bajar. Bang waoe kedah gaḍah tjéléngan pijambak kanggé djagi-djagi menawi manggih bilai oetawi dipoen kemplang ing tijang ingkang sami njamboet. Milanipoen enggènipoen neḍa anakan, kațahipoen ngoengkoeli enggènipoen njoekani anakan ḍateng ingkang njèlèngi. Kalijan malih tijang kedah toembas dlantjang, mangsi lan pirantos sanès-sanèsipoen, kanggé kabetahanipoen nglampahaken bang waoe.