tjromplang, dipoen tedani rajap. Menawi dipoen tingali saking ing djawi, roepinipoen inggih kados taksih saé, nanging menawi dipoen lebeti, ladjeng ketawis jèn orija sampoen sepoeh. Sakanipoen lan blandar pangeretipoen, pating krêwèk, pating tjroempleng. Wonteningkang dipoen teda rajap, wonten ingkang dipoen elèngi kombang. Menawi wonten angin radi ageng, oetawi djawah deres, sampoen ngoewatosi, mbok menawi ambroek. Waoenipoen inggih dipoen réka-réka, moerih sampoen keladjeng-ladjeng, nanging rajapipoen ndadra kémawon, sabab kadjeng taoen poenika pantjèn dados dojananipoen rajap. Kombang inggih seneng ngelêng wonten ing ngrikoe, Sarèhning sapoenika sampoen gadah jatra, dados nedja dipoen santoeni kadjeng djatos, sabab rajap boten dojan dateng kadjeng djatos. Kombang inggih boten Wuta, sabab atos.
Anoedjoe satoenggaling dinten poen Pantjasemita dateng balokan badé toembas adjeng djatos. Wonten poenapa kok boten dateng wana kémawon, tijang grijanipoen poen Pantja poenika sanding wana? Menawi dateng wana rak boten soesah toembas, namoeng negori kémawon, bat-bet. Mangka menawi toembas dateng balokan, 1 m3 regênipoen sakiwa-tengenipoen soewidak roepijah. Inggih leres kala djaman kedjawèn wana poenika kaseboet boten wonten ingkang nggadahi, ingkang gadah tijang katah, tjrijosipoen; nanging sapoenika dipoen sengker dateng Negari. Tijang-tijang boten kénging negor kadjeng djatos sakadjeng-kadjengipoen kados kala djaman roemijin. Menawi njoewoen idi, inggrih asring dipoen lilani. Menawi dèrèng angsal idi, mangka poeroen-poeroen negor wit djatos, mesti