Kaca:Kembang Setaman.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

51

14. Awon, nanging ageng paédahipoen.

Sabab poenapa tijang-tijang kok sami remen djené oetawi selaka? Poenapa sabab ageng paédahipoen? Boten! Menawi paédahipoen kawon kalijan tosan, tebih kaotipoen. Tosan poenika paédahipoen boten wonten ingkang ngoengkoeli. Inggih leres roepènipoen andap pijambak, nanging manawi tijang dipoen tilar tosan, saiba soesahipoen. Djené poenika sanadjan awisipoen tikel kaṭah tinimbang tosan, nanging manawi dipoen anggé pirantos poenapa-poenapa boten kanggé, kirang atos. Tosan saged kijeng; dipoen anggé pirantos mitadosi. Mara sampéjan manah, sapinten kaṭahipoen pirantos ingkang baḍénipoen tosan. Pirantosipoen tijang tani, toekang-toekang, panḍé, kemasan, gemblak, kaṭah ingkang baḍénipoen tosan. Lading, goenting, linggis, tjaṭoet, baḍénipoen inggih tosan. Menawi sampéjan manah jektosan, sekéndjing kémawon sampoen pinten-pinten pirantos ingkang sampéjan tjepeng, ingkang wonten tosanipoen. Tjobi sampéjan titèni ingkang jektosan.
Menggah pirantosipoen tijang poenika, menawi kala djaman kina-kinanipoen, inggih boten wonten tosanipoen; sabab kala samanten dèrèng wonten tjaranipoen tijang pados tosan; ingkang dipoen anggé pirantos: badénipoen séla, dipoen wangoen mitoeroet preloenipoen. Paloenipoen séla, ladingipoen séla, wadoengipoen inggih séla. Déné dedamelipoen inggih mekaten. Menawi panah, béḍoripoen inggih séla oetawi baloeng. Sapoenika ingkang taksih gaḍah tjara mekaten poenika: tijang Papoewah. Namoeng ingkang manggèn wonten ing pesisir, ingkang asring srawoengan kalijan bangsa sanès, poenika sami nganggé pirantos tosan.