Kaca:Kembang Setaman.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

36

mati, sabab saking lawasé ana ing dalan. Kang mengkono ikoe sakèhing wragad lan kangélan dadi ilang moespra.

Apa ta preloené kok kepati-pati wit kinah arep ditandoer ana ing tanah Inḍonésijah kéné? Sabab ing

kéné akèh wong sing lara panas malaria; mangka lara panas kang mengkono ikoe tambané sing istidjab, ora ana manèh kedjaba moeng ndjoepoek saka wit kinah.

Saiki ing saloré negara Banḍoeng, ing èrèng-èrènging goenoeng Tangkoeban Praoe, ana kebon kinah djembar banget. Kebon ikoe sing jasa swargi toewan Junghuhn. Toewan maoe enggoné ngopèni kebon kinah ora lèrèn-lèrèn nganti tekan ing sédané.