Kaca:Kembang Setaman.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

92

ja milih ḍaḍoeng edoek. Senadjan rada kasar sawetara, nanging koewaté banget, toer moerah. Karo manèh edoek, jèn wis dadi ḍaḍoeng, ja kena dianam, digawé lèmèk oetawa kèsèd; ḍaḍoeng doek ija kena dianggo oeloer-oeloer timba. Doek ana sing diresiki, dipilihi sing kakoe-kakoe, digawé sikat. Ing tanah kana-kana doek ikoe ija dianggo pajon omah barang.

Déné goḍongé sing wis garing kena digawé oeroeb-eroeb ana ing pawon.

Arèn ikoe ija ana kembangé, nanging roepané ora betjik kaja kembang djowar oetawa kembang asem. Wong bangsaning wit krambil, kembangé ja kaja manggar oetawa majang; tjilik-tjilik nèmplèk ana ing gagang; gagangé dawa nglawèr; djenengé dangoe. Jèn ditamataké temenan, kembangé ikoe ana rong roepa; sing saroepa ora bakal dadi oewoh, panggonané ngloempoek dadi sagagang-sagagang. Koewi sing saben-saben diroeboeng ing tawon, digolèki madoené lan sariné. Déné kembangé sing saroepa manèh, bakal dadi oewoh; enggoné ija ngloempoek-ngloempoek dadi sagagang-sagagang. Oewohé atos banget, ana isiné 2 oetawa 3; djenengé kolang-kaling. Kolang-kaling ikoe, jèn wajahé demegan, dioendoehi, didjoepoeki Isiné, digawé tjénḍol tjao oetawa dikolak; rasané kenjil-kenjil énak.

Wit arèn ikoe, jèn kembangé ndadi, mratanḍani, jên panjeroté pangan saka sadjroning lemah akèh banget; bandjoer noemoesi marang kembang maoe. Kembangé bandjoer énggal dadi woh geḍé-geḍé. Ananging menoengsa ikoe akalé ana baé, Jèn ana arèn sing kembangé mengkono, tolèring dangoe bandjoer dipantjas. Doedoeh oetawa banjoe sing pantjèn arep