Kaca:Kembang Setaman.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
49

Bandoeng nggraita jèn pendjaloeké Lara Djonggrang ikoe ora madjat; éwa semono ija arep ditandangi sabisa-bisané; mbok menawa bisa nekani pendjaloeké bakal bodjoné, Bandjoer ndjaloek toeloeng marang bapakné, Sang Damarmaja, lan marang sedoeloeré, apa manèh njoewoen toeloeng marang Sang Ratoe ing Pengging. Sang Damarmaja sagoeh mitoeloengi sarana tjipta sasmita lan kasektèné; apa manèh bakal ndjaloek toeloeng marang para lelemboet.

Bandoeng bandjoer njagoehi apa kang dadi pendjaloeké Lara Djonggrang.

Bareng tekan ing semajané, Sang Damarmaja lan sedoeloeré Bandoeng, apa manèh Sang Ratoe ing Pengging, paḍa teka ing Prambanan. Noeli paḍa moedjasemèdi marang déwa, nenoewoen bisa moedjoedaké kang dadi pepanggilé Lara Djonggrang. Panoewoené kasembadan; djam setengah papat ésoek tjanḍi sing dadi wis ana 995.

Patih ing Prambanan, bareng weroeh jên wangoené pepanggilé Lara Djonggrang arep ketekan, atiné panas banget. Wong poetrané goestiné kok arep dirabèni

DEENIK lan VAN DIJCK,Kembang Setaman II.4