Kaca:Kembang Setaman.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

44

Tangané papat; sing sidji njekeli tjemara; sidjiné njekeli akshamala, oetawa tesbèh; sidjiné njekeli kenḍi isi banjoe pengoeripan; sidjiné njekeli trisoela.

Déné ing sentong-sentongan lija-lijané ija ana retjané. Ana sing isi retjané Sang Hjang Siwah djoemeneng Goeroe, ana djénggoté. Ana sing isi retjané Sang Hjang Ganésa oetawa Betara Gana, poetrané Sang Hjang Siwah; ana tlaléné njerot kawitjaksanan saka ing tjoemploenging menoengsa, kang ditjekeli ing tangan kiwa. Ana manèh retjané Sang Kali Doerga, garwané Sang Hjang Siwah; tangané woloe, ngidaki kebo titisané Maésasoera.

Mantri goeroe kanḍa marang botjah-botjah mengkéné: „Lé, wong Djawa isih akèh sing njadran mréné iki, sabab retja iki diarani dadèhané Lara Djonggrang. Embèn boeri kowé taktjritani dongèngané Lara Djonggrang. Saikiné ajo paḍa mlakoe oeroet témbok watoe iki, karo ndelok-ndelok gambaré. La koewi gambaré Beṭara Rama karo Leksmana, aḍiné, lagi mlakoe nggolèki Dèwi Sinta, ditjolong Praboe Rawana. Dèwi Sinta koewi apané Betara Rama? Bodjoné; ija apa ora? Sing ngréwangi, ratoe keṭèk, djenengé Praboe Soegriwa, karo nggawa bala keṭèk ora karoewan tjatjahé. Gegeḍoegé: Anoman.”

Botjah-botjah pada namataké oekir-oekiran sing ana ing témbok watoe; ana sing ngelokaké mengkéné: „Ija, lo, la iki Beṭara Rama, la iki Leksmana; nanging kok ora mèmper karo wajang kaé.”

Bareng wis kempoet olèhé paḍa ndeleng, bandjoer moeḍoen koemritig majar baé, ora kangélan kaja ḍèk moenggahé. Satekané ing ngisor, bandjoer gegantjangan mengétan menjang tjanḍi sidjiné, noeli